Selasa, 05 Maret 2013

Yen ing tawan ono lintang



Yen ing tawang ono lintang cah ayu
Aku ngenteni tekamu
Marang mego ing angkoso nimas
Sun takokke pawartamu

Janji-janji aku eling cah ayu
Sumedhot rasaning ati
Lintang lintange iwi-iwi nimas
Tresnaku sundhul wiyadi


Dek semono janjimu disekseni
Mego kartiko kairing rasa tresno asih

Yen ing tawang ono lintang cah ayu
Rungokno tangise ati
Binarung swaraning ratri nimas
Ngenteni mbulan ndadari

WUYUNG



Laraning lara
Ora kaya wong kang nandhang wuyung
Mangan ra doyan
Ra jenak dolan nèng omah bingung

Mung kudu weruh
woting ati duh kusuma ayu
Apa ra trenyuh
sawangen iki awakku sing kuru

Klapa mudha leganana nggonku nandhang branta
Witing pari dimèn mari nggonku lara ati
Aduh nyawa

Duh duh kusuma
Pa ra krasa apa pancen téga
Mbok mbalung janur
Paring usada mring kang nandhang wuyung

Sido Rondo



lk :
Biyen mulo sliramu wis tak aturi
Golek bojo sing tresno welas sejati
Pungkasane sliramu digawe loro
Ora wurung saikine dadi rondo
pr :
Nanging piye kabeh iki wis kebacut
Ibarat bubur ra bakal dadi sego
Mulo getunku iki tanpo upomo
Ngerti ngono lamaranmu sing tak tompo

reff :
lk :
Kabeh iku ora perlu digetuni
Janjiku biyen aku saguh ngenteni
duet : Kowe lan aku mugo dadi jodone
lk : Ra keno prawane tak enteni randane
pr :
Ora nyono sampeyan sabar ngenteni
Ing nyatane tresnomu tulus lan suci
Sing tak suwun sing gede pangapurane
Andhum tresno bebojoan selawase

reff :
kembali ke atas…
pr : Andhum tresno bebojoan selawase

Setyo Tuhu (bowo)



(bowo)
Pamin..taku..nimas..sido asih..
Atuh trun..tut..tansah..reruntungan..
Ing sarino.. sawe..ngine..
Datan genggang sak ram..but..
Lamun.. atuh.. caketing a..ti..
Yen.. cedak tansah mu..lat..sido..setuhu..
Benjo..mimin..lan mintuno..
Yo ning..mas.. barengan netepi.. wajib..
Sido asih.. be..bra..yan..
pr :
Aku kang setyo satuhu
Wit biyen nganti saiki
Bebasane peteng
Kebakal ono suminar
Andiko pangayomanku
Lahir batin tuwus nyoto
Mung sajake andiko
Semune kurang reno
Tondho yekti
Kaseksene rikalane
Ngangkat awrat
Mlampah tebih kedah nesu
Mugyantuk berkahing widi
Andiko mung tansah nimbang
Payuwunku sedyo kulo
Tansah anglam-lami

Resepsi



Yen pinuju angrawuhi malam resepsi
Kakung piutri ngagem
busono kang edi peni

Para putri sami lenggah
Jejer katon rapi

Yen sinawang nganti
Koyo kontes widodari

Poro priyo lenggahe
Rodho adoh sawetoro

Uthak uthik lirak lirik
Ngguya ngguyu
Mesam mesem
Sajak arep mundut lagu

Sinten niku lenggah pojok
Ndelik ono mburi
Menga-mengo sajake
Kok ono sing diwedeni